Antareja oleh Rudiyanto, S.Pd.
Ing jaman mbiyen tehnologi durung ngrembaka kaya jaman saiki, kayata internet
lan medhia sosial ingkang ngrembaka jaman ing saiki. Medhia sosial maneka
warna arane, kayata Facebook, Instagram, Twitter, Telegram, lan liya-liyane.
Ing jaman biyen merga sing nduwe TV lan radhiyo uga isih arang-arang
mula pagelaran wayang kulit minangka dadi hiburan sing digandrungi masyarakat. Lakon
wayang uga dadi sarana pitutur ing pasrawungan. Mula ora gumun yen
simbah-simbah saiki maringi pitutur dijumbuhake karo tokoh pewayangan. Kaya
cerita wayang antareja minangka putra Raden Werkudara.
Asma bapake Raden Antareja ya Raden Anantareja. Isih wayahe Dewa ing
kahyangan Saptapratala ya Sanghyang Anantaboga. Dene ibune akekasih Dewi Nagagini. Dene ingkang
ngukir jiwa ragane Raden Antareja iku satriya ing Munggul pamenang Raden Harya
Sena. Apa sebabe Raden Harya Sena bisa tekan Saptapratala, critane mangkene.
Ing nalikaning Kurawa nganakake pista ing Bale Sigala-Gala, Pandhawa
diundang dalasan Dewi Kunthi, nanging bale wewangunan kang dienggoni
dening para Pandhawa digawe saka kayu lan kertas kang gampang kobong. Hamung
diwangun memper kayu, dicet, lan diplitur sing apik. Jroning pista mau Pandhawa
diaturi dhaharan kang wis dibumboni racun, mangkono uga unjukane, ya wis
dicampuri racun. Nanging Sang Harya Sena waspada. Dheweke ora gelem mangan lan
ya ora gelem ngombe. Malah diisin-isin karo Dursasana barang meksa ora gelem
mangan lan ora gelem ngombe.
Kacarita para Pandhawa wis padha mendem, dalasan Dewi Kunthi barang ya
melu mendem, dumadakan ora weruh sangkan paraning bilahi ana geni nyaut bale
wewangunan kang dipanggoni dening para Pandhawa. Kagegeran, gugup,sigra sang
Harya Sena kang cukat trengginas sigra mbopong Dewi Kunthi dalasan adhi-adhine
digawa mlayu. Kocapa sajroning bingung ana kang nuduhi dalan yaiku garangan
putih kang lakune banjur anjlog ing Kahyangan Saptapratala iku. Sawise padha
diwaluyakake dening Sanghyang Antaboga, sarembug suntara wektu ngaso dhisik ing
Saptapratala, kang wusanane Raden Harya Sena dipundhut mantu di dhaupake karo
Dewi Nagagini. Lan ora suwe Pandhawa banjur nyuwun pamit bali, Dewi Nagagini
tinilar ing kahyangan wis ana sajroning kahanan nggarbini.
Bareng tekan leking jabang bayi, babar miyak langse mandhala giri, brol
cenger miyos kakung. Dening kang eyang diparingi asma Raden Antareja. Sanalika
den dus bayu gege walagang gelis gedhe, glewo-glewo. Raden Anantarejo bergas,
dedeg pidegsa, dening ingkang eyang wineleg sakeh ngelmu kadigdayan, kanuragan, kawruh
kasepuhan, pinaringan upas kang mandine kagila-gila. Bareng wis tekan diwasa
kasektene wis ora nguciwani, nuli takon marang ibune sapa kang sejatine ngukir
jiwa ragane. Banjur dijarwani sapa sejatine ramane iku isih trahing kusuma
rembesing madu, satriya ing Munggul Pamenang kekasih Raden Harya Sena. Mula
Antareja banjur nyuwun pamit bakal ngabekti lawan ingkang rama. Nalika semana
mbarengi ing kasatriyan Madukara ana kedadeyan Retna Wara Sumbadra seda
diprajaya dening duratmaka. Kuwandhane kapapanake ing sajroning prau, rinenggo
rengga kadidene penganten, dijaga dening Raden Harya Gathutkaca saka
dirgantara.
Kacarita lakune Raden Anantareja jumedhul saka pratala tiba ing
pinggire Begawan Swilugangga, panggonane prau kang momot layone Dewi Wara
Sumbadra. Sarehne ana kahanan kang nyalawadi, Raden Antareja kepingin sumurup
apa isine prau mau, banjur dititi priksa, lan nuli weruh layon. Ketang gedhe
rasa kamanungsane, layon banjur diuripake. Sawise waluyo jati nuli tetepungan,
yen garwane satriya ing Madukara, Raden harjuna lan genti yen dheweke putrane
satriya Pandhawa Raden Harya Sena.
Kuwi mau crita ngisahake lakon raden antareja minangka
putra mbarep raden Werkudara kaliyan dewi Nagagini. Bisa kadudut patuladhan
yaiku kukuh ing niyat becik, bekti marang tiyang sepuhipun, lan boten umuk
senadyan sekti mandraguna malah nggunakake kasektene kanggo tetulung marang
sapada-pada.
